Isi Ramalan Jayabaya Bagian 2

124. Akeh omah ing ndhuwur jaran--- Banyak rumah di punggung kuda.
125. Wong mangan wong--- Orang makan sesamanya.
126. Anak lali bapak--- Anak lupa bapak.
127. Wong tuwa lali tuwane--- Orang tua lupa ketuaan mereka.
128. Pedagang adol barang saya laris--- Jualan pedagang semakin laris.
129. Bandhane saya ludhes--- Namun harta mereka makin habis.
130. Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan--- Banyak orang mati lapar disamping makanan.
131. Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara--- Banyak orang berharta tapi hidup sengsara.
132. Sing edan bisa dandan--- Yang gila bisa bersolek.
133. Sing bengkong bisa nggalang gedhong--- Si bengkok membangun mahligai.
134. Wong waras lan adil uripe nggarantes lan kepencil--- Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih.
135. Ana peperangan ing njero--- Terjadi perang didalam.
136. Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham--- Terjadi karena para pembesar banyak salah faham.
137. Durjana saya ngambra-ambra--- Kejahatan makin merajalela.
138. Penjahat saya tambah--- Penjahat makin banyak.
139. Wong apik saya sengsara--- Yang baik makin sengsara.
140. Akeh wong mati jalaran saka peperangan--- Banyak orang mati karena perang.
141. Kebingungan lan kobongan--- Karena bingung dan kebakaran.
142. Wong bener saya thenger-thenger--- Si benar makin tertegun.
143. Wong salah saya bungah-bungah--- Si salah makin sorak sorai.
144. Akeh bandha musna ora karuan lungane--- Banyak harta hilang entah kemana.
145. Akeh pangkat lah drajat pada minggat ora karuan sababe--- Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa.
146. Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram--- Banyak barang haram, banyak anak haram.
147. Bejane sing lali, bejane sing eling--- Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar.
148. Nanging sauntung-untunge sing lali--- Tapi betapapun beruntungnya si lupa.
149. Isih untung sing waspada--- Masih lebih beruntung si waspada.
150. Angkara murka saya ndadi--- Angkara murka semakin menjadi.
151. Kana-kene saya bingung--- Di sana-sini makin bingung.
152. Pedagang akeh alangane--- Pedagang banyak rintangan.
153. Akeh buruh nantang juragan--- Banyak buruh melawan majikan.
154. Juragan dadi umpan --- Majikan menjadi umpan.
155. Sing suwarane seru oleh pengaruh--- Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh.
156. Wong pinter diingar-ingar--- Si pandai direcoki.
157. Wong ala diuja--- Si jahat dimanjakan.
158. Wong ngerti mangan ati--- Orang yang mengerti makan hati.
159. Bandha dadi memala--- Hartabenda menjadi penyakit.
160. Pangkat dadi pemikat--- Pangkat menjadi pemukau.
161. Sing sawenang-wenang rumangsa menang--- Yang sewenang-wenang merasa menang.
162. Sing ngalah rumangsa kabeh salah--- Yang mengalah merasa serba salah.
163. Ana bupati saka wong sing asor imane--- Ada raja berasal dari orang yang rendah imannya.
164. Patihe kepala judhi--- Mahamentrinya bandar judi.
165. Wong asing atine suci dibenci--- Yang berhati suci dibenci.
166. Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat--- Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.
167. Pemerasan saya ndadra--- Pemerasan merajalela.
168. Maling lungguh wetenge mblenduk--- Pencuri duduk berperut gendut.
169. Pitik angrem saduwure pikulan--- Ayam mengeram diatas pikulan.
170. Maling wani nantang sing duwe omah--- Pencuri menantang si empunya rumah.
171. Begal pada ndhugal--- Penyamun semakin kurang ajar.
172. Rampok padha keplok-keplok--- Perampok semua bersorak-sorai.
173. Wong momong mitenah sing diemong--- Si pengasuh memfitnah yang diasuh.
174. Wong jaga nyolong sing dijaga--- Si penjaga mencuri yang dijaga.
175. Wong njamin njaluk dijamin--- Si penjamin minta di jamin.
176. Akeh wong mendem donga--- Banyak orang mabuk do'a.
177. Kana-kene rebutan unggul--- Di mana-mana berebut menang.
178. Angkara murka ngombro-ombro--- Angkara murka menjadi-jadi.
179. Agama ditantang--- Agama ditantang.
180. Akeh wong angkara murka--- Banyak orang angkara murka.
181. Ngedhekake duraka--- Membesar-besarkan durhaka.
182. Ukum agama dilanggar--- Hukum agama dilanggar.
183. Prikamanungsan di-iles-iles--- Perikemanusiaan di injak-injak.
184. Kasusilan ditinggal--- Tata susila di abaikan.
185. Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi--- Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi.
186. Wong cilik akeh sing kepencil--- Rakyat kecil banyak tersingkir.
187. Amarga dadi korbane si jahat sing jajil--- Karena menjadi kurban si jahat si laknat.
188. Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit--- Lalu datang raja berpengaruh dan berprajurit.
189. Negarane ambane saprawolon--- Lebar negeri seper delapan dunia.
190. Tukang mangan suap saya ndadra--- Pemakan suap makin merajalela.
191. Wong jahat ditampa--- Orang jahat diterima.
192. Wong suci dibenci--- Orang suci dibenci.
193. Timah dianggep perak--- Timah dianggap perak.
194. Emas diarani tembaga--- Emas dibilang tembaga.
195. Dandang dikandakake kuntul--- Gagak disebut bangau.
196. Wong dosa sentosa--- Orang berdosa sentosa.
197. Wong cilik disalahake--- Rakyat jelata dipersalahkan.
198. Wong nganggur kesungkur--- Si penganggur tersungkur.
199. Wong sregep krungkep--- Si tekun terjerembab.
200. Wong nyengit kesengit--- Orang busuk hati dibenci.
201. Buruh mangluh--- Buruh menangis.
202. Wong sugih krasa wedi--- Orang kaya ketakutan.
203. Wong wedi dadi priyayi--- Orang takut jadi priyayi.
204. Senenge wong jahat--- Berbahagialah si jahat.
205. Susahe wong cilik--- Bersusahlah rakyat kecil.
206. Akeh wong dakwa dinakwa--- Banyak orang saling tuduh.
207. Tindake manungsa saya kuciwa--- Ulah manusia semakin tercela.
208. Ratu karo Ratu pada rembungan negara endi sing dipilih lan disenangi--- Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan dikuasai.
209. Wong jawa kari separo--- Orang jawa tinggal setengah.
210. Landa-Cina kari sejodo--- Belanda-Cina tinggal sepasang.
211. Akeh wong ijir, akeh wong cethil--- Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.
212. Sing eman ora keduman--- Si hemat tidak mendapat bagian.
213. Sing keduman ora eman--- Yang mendapat bagian tidak berhemat.
214. Akeh wong mbambung--- Banyak orang berulah dungu.
215. Akeh wong limbung--- Banyak orang limbung.
216. Selat-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka--- Lambat laun datanglah kelak terbaliknya zaman.

Sumber: Kisah Perjuangan Walisongo


Tidak ada komentar:

Posting Komentar